Rabu, 06 Desember 2017

Paring Pandonga

Bocah-bocah nggarap soal ulangan ing sakjerone ruang klas. Ulangan akhir semester (UAS) kanggone Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) utawa penilaian akhir semester (PAS) tumprape Kurikulum 2013 dianakake ing awal-awal Desember 2017. 

Lumrahe kabeh sekolah ing Indonesia nganakake bab kuwi ing antarane wektu-wektu iku. Sanajan ora bareng mak brek, nanging maju-mundure ya ora adoh saka wektu kuwi.

Bocah-bocah sing nggarap soal katon anteng. Ora ana sing tolah-toleh, usrek. Kamangka papan sing dienggo, kahanane sumuk banget. Bocah-bocah mesthi sumuken kaya sing dakrasakake. 

Kringetku wae pating dredes. Mili saka sirah nganti pipi, banjur mengisor tekan bahu. Ing kono, kringetku nresep sajroning serat-serate klambi. Klambiku sing bagean dhuwur ya teles gebes. Dakkira bocah-bocah uga ngrasakake kaya apa sing dakrasakake. 

Apamaneh bocah-bocah wadon kang nganggo jilbab. Sumuke mesthi saya nemen. Ananging iki mung panemuku. Panemune wong kang ora tau nganggo jilbab. Bisa wae beda panemu karo wong kang wus kulina nganggo jilbab. Sumuke ruangan bisa wae ora ana pengaruhe apa-apa. Kaya pengakuane salah sijine muridku wedok kang jilbaban nalika daktakoni sumuk apa ora. Jawabe, ora sumuk. Lah tenan to. Pakulinan dadekake biasa wae sanajan wong liya ngrasakake ora biasa.

Sanajan arep kepiyea, ruangan sumuk sing digunakake ulangan/penilaian, tetep duwe pengaruh marang kondisine bocah. Bocah-bocah tetep ngrasakake luwih nyaman ing papan kang adem.  Awit kahanane, bocah-bocah tetep nduweni semangat.

Ora ana siji-sijia bocah sing ngeluh krana ruang. Daksawang siji-siji, katon anteng wae. Ya ora ana sing kipas-kipas, nganggo pucuking jilbab, kertas, utawa piranti liyane. Kahanan kuwi mratandhani yen bocah-bocah ngendaleni diri. Berjuang kanthi tenanan.

Mula aku paring pandonga tumprape para murid. Supaya asile berjuang apik-apik. Ora nguciwani awake dhewe, wong tuwa,  lan sapa wae sing nduweni sesambungan kulawarga lan kekancan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar