Sabtu, 10 September 2016

Jagong ing Pahargyan Manten

Gambar kapethik saka www.whenwedding.com
Aku lan sisihanku lagi wae rampung nyumbang kanca kang nikahake putrane. Ora ing gedung, nanging ing omah. Mantenan ing gedung saiki lumrah, kaya wis dadi polaning urip masyarakat kutha. Sauger ana dhuwit, pancen luwih praktis nganakake adicara pahargyan manten ing gedung. Kasebut praktis awit kabeh uba rampe gegayutan karo kaperluan manten, sarana gedung, lan konsumsi wis kaborongake marang even organiser (EO).

Kajaba praktis, omah-omah ing kutha lumrahe pas-pasan. Ora ana pekarangan amba cedhake omah. Dadi, yen nganakake pahargyan manten ing omah ya kapeksa nutup dalan. Dalan diowah dadi papan pahargyan. Rada muntel alias seg-segan. Ananging, cara ngene iki kerep katindakake. Awit, pracaya apa ora, cara ngene iki luwih ngirit ragad katimbang nganakake ing gedung.

Ing sisihe omahe kancaku pancen ana pekarangan kosong. Ing kono kaedhegake tratag/tarub. Kanggo papan pelaminan manten lan para tamu kang rawuh. Papan pelaminan ing panggung. Para tamu ing ngisor pinarak ing kursi. Ing pinggir-pinggir pinarake para tamu wis  tinata rapi dhedhaharan ing meja-meja gedhe. Ana para pramusaji kang siap mbiyantu para tamu kang arep dhahar. 

Dhedhaharane warna-warna. Ana gule kambing, sate kambing, sate ayam, sega pindhang, soto daging, bakso, lan liya-liyane. Unjukane ya warna-warna. Para tamu bebas kepengin dhahar lan ngunjuk apa wae kang kasediakake.

Wis lumrah yen para tamu uga disuguhi hiburan. Sinambi dhahar lan ngunjuk, para tamu bisa ndeleng hiburan orjen tunggal. Swara lan jogedane para biduan nglipur para tamu.  Sumbangan lagu saka tamu uga perangan panglipur kang apik. 

Sawise marem dhahar lan ngunjuk, para tamu atur doa restu marang penganten lan pasangan wong tuwane kang ngapit manten ing pelaminan. Ana para tamu kang diaturi foto bareng manten. Kang ngene iki lumrahe isih dulur utawa kanca raket, utawa kanca kerja.

Para among tamu kang macak ayu-ayu lan bagus-bagus nampi para tamu ingkang rawuh kanthi ramah. Semono uga marang tamu kang kondur, para among tamu ngaturaken pamatur nuwun kanthi luwes.    

 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar