Rabu, 27 Desember 2017

Maem

Ndeleng bocah-bocah padha maem mesthi wae seneng. Apa maneh yen maeme telap-telep. Lahap banget. Nganti entek, ora sisa, tanpa ngongkon. Yen biasane rada meksa, dumadakan dadi ora meksa jelas ndadekake ati seneng. 

Tambah saya seneng yen maem bebarengan. Aku ndeleng anakku loro maeme bareng wae senenge ramekakat. Lungguh adhep-adhepan. Ing sangarepe ana panganan. Sakarone katon menikmati banget. Maem karo guyan-guyon, ngomang-ngomong, kok ya katon nyenengake. Aku banjur nyedak, njupuk sithik,  ngicipi. Anakku sakarone dadi malah saya seneng awit bapake gelem ngrasakake. Kaya-kaya maringi tanda yen aku uga seneng panganan asil masakane.

Kenthang lan jamur goreng kang lagi dimaem kuwi pancen masakane anakku sakarone. Wiwit ngoceki, ngirisi, nganti nggoreng kenthange, kabeh ditandangi dhewe. Semono uga ngumbah, ngopesi, mbumboni, lan nggoreng jamure. Pokoke kabeh dilakoni dhewe.  Ibune ora ing omah, lagi kerja, dadi ora ana kang ngewangi. Dene aku kang ana ing omah, mung ndeleng wae.

Aku seneng ndeleng bocah-bocah padha masak. Adine kang lagi klas IV mung ngewangi. Sanajan mung ngewangi, pakaryan iku kalebu pakaryan wigati. Awit, ngoceki, ngumbah, lan ngirisi kenthang mbutuhake ketrampilan. Bagean nggoreng ditangani mbakyune. Wis klop. Ana kang nyiapake bahan, ana kang nggoreng. 

Pangalaman penting kaya ngono kuwi bisa dialami sakarone nalika liburan. Liburan dadi wektu penting kanggo mbangun rakete paseduluran. Uga sinau bareng bab-bab kang ora disinaoni ing sekolahan. Ananging,  bab-bab kuwi dibutuhake ing sajroning urip. Yen wektu durung dewasa wis pinter tandang gawe kang ana sesambungane karo bageane, ing tembe ora bakal kangelan.

Bocah-bocah wedok kang wis bisa masak, sanajan mung kenthang lan jamur goreng, kalebu wis apik. Ana pengalaman penting. Ora saben bocah wedok duwe pengalaman kaya ngono kuwi. Tergantung lingkungan kulawargane. Yen ana ing lingkungan kulawarga saben pagawean dicandak pembantu, pangalaman ngono kuwi ora bakal tinemu. Ananging, yen ana ing lingkungan kulawarga tanpa pembantu, pangalaman ngono kuwi gampang dilakoni. Kaya dene kang dialami anakku sakarone.

Ananging, ana bab kang aku kurang sarujuk. Yaiku yen wis maem jinis panganan kaya ngono kuwi, kenthang lan jamur goreng, lumrahe anak-anakku wis ora gelem maem sega. Aku mikir yen mung maem jinis panganan kuwi kurang mantep. Awit, biasane maem sega. Kaya bapak lan ibune. Aku lan ibune bocah-bocah yen ora mangan sega ora mantep. Yen mung mangan jinising panganan kaya kenthang lan jamur goreng dakanggep jaminan utawa makanan ringan. Beda yen sawise maem sega, lagi maem makanan ringan. Aku ora apa-apa. 

Tambah ora seneng maneh yen anakku sakarone maem kenthang lan jamur goreng nganggo saos. Ananging, yen dakpenggak ana alasane. Alasane klasik banget, yaiku ora terus-terusan wae kok! Mung ngono. Ananging,  alasan iku gawe aku “ngalah” awit alasan iku pancen bener. Anakku sakarone ora terus-terusan migunakake saos saben maem. Ananging, saben wong tuwa nduweni rasa kuwatir dampak sabanjure. Minimal yen bocah nganti ketagihan migunakake saos. 

Ya dakbalekake maneh marang bab-bab kang pisitif. Maem kenthang lan jamur goreng masakane dhewe ana untunge. Sepisan, bocah-bocah padha guyup gotong royong masak bareng. Kaping loro, bocah-bocah duwe ketrampilan masak  kang migunani ing wektu-wektu sabanjure. Kaping telu, bocah-bocah ngalami dhewe yen arep ngrasakake enak iku kudu ana proses kang dilakoni. Kaping papat, asile masakan luwih sehat. Lan, sing kaping lima, luwih irit.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar