Kamis, 12 Juni 2014

Nyengkuyung Ngrembakakake Basa Jawa



          
Gambar kapethik saka Jateng Tribun news
Ora kena dipungkiri yen saiki basa Jawa ilang saka bebrayan adi. Ora mung ing laladaning wong tuwa. Ing wewengkone bocah-bocah apamaneh. Babar blas wis ora wanuh. Wong kang urip ing desa lan kutha padha bae. Pakulinan migunakake basa Jawa kanggo pacelathon wis ora ana. Yen ana, mesthi ora akeh, tur lumrahe kurang migatekake unggah-ungguhing basa.
            Apamaneh ing lembaga-lembaga, apa kuwi pamarintah utawa swasta, saben dina kaya-kaya kudu migunakake basa Indonesia kanggo pirembagan. Ya ora keleru, awit basa Indonesia minangka basa resmi kang dikukuhake pamarentah kanggo basa pengantar ing kantor-kantor.
            Ananging, kahanan sing kaya ngono kuwi, disadari apa ora, saya suwe bakal nglalekake anane basa Jawa. Kamangka basa Jawa kuwi sugih pasinaon. Basa Jawa kang lair saka kabudhayan Jawa nduweni samubarang pasinaone urip kang luhur. Kayata, unggah-ungguhing basa, prilaku, lan rasa. Yen kabeh kuwi katindakake kanthi premati bisa mujudake kapribaden urip apik.
            Bisa bae ilange urip kebak karakter ing wektu saiki karana saperangan akeh wong wis ngalekkake kearifan lokal, ing antarane anane basa Jawa kuwi. Mula, ananing kapeduliyan pamarentah bab nganakake kabijakan migunakake basa Jawa prelu diapresiasi kanthi positif.
            Wulan Maret kapungkur, Pamarentah Kabupaten Kudus, Jawa Tengah, ngresmekake dina Rebo dina basa Jawa. Bupati Kudus, Musthofa, kang napakastani prasastine ing Pandapa Kabupaten. Ing adicara kuwi dirawuhi jajaraning pejabat Kabupaten Kudus. Kalebu guru-guru, mligine guru mata pelajaran (mapel) Basa Jawa SMP/MTs lan SMA/SMK sadarajat negeri/swasta ing Kabupaten Kudus.Kabeh sing rawuh cacahe kurang luwih sewu wong.
            Ing adicara kanthi tetenger “Byawara Basa Jawi Kabupaten Kudus (Warso?) 2014”, kuwikaaturake sarwa budhaya Jawa. Kayata, pranata adicara, kejaba nganggo busana adat Jawa uga migunakake basa Jawa nalika mandhu lumakuning adicara. Semana uga nalika bupati atur sambutan, ngagem basa Jawa.
            “Kangge nguri-uri basa Jawi saha mbangun karakter adhedhasar kabudhayan Jawi, basa Jawi kedah dipunginakaken saben dinten Rebo ing sadaya papan, mliginipun wonten ing kantor-kantor saha sekolah wiwit Rebo benjing,” ature Bupati Kudus nalika sesorahing tengah-tengahing tamu undhangan.
            Ing sajerone atur sambutan kuwi, ana tembung-tembung basa Jawa kang salah pangucapane. Gegayutan karo babagan kuwi, priyayi nomer siji ing Kudus iki ngakoni. Ditegesake, salah ora apa-apa. Sing wigati wisngupaya gelem sinau. “Pramila para dwija sampun ajrih lepat menawi ngasta pasinaon Basa Jawi ngagem basa Jawi wonten sekolah,” unjuke.
            Mireng pangandika kang kaya ngono, para tamu undhangan, kang saperangan akeh kadang guru Basa Jawa, kuwi padha ngguyu. Swarane gumrenggeng ngebaki pandhapa. Nanging ora let suwe, mak klakep, wening.Awit, sakbanjure pangarsane pamarentahing Kudus, kuwi atur panyuwun marang para kadang guru. Yaiku, guru-guru Basa Jawa ing tlatah Kudus kasuwun dadi oncor ngrembakaning pakulinan migunakake basa Jawa ing kalangane bocah-bocah sekolah. Awit, saiki bocah-bocah sekolah kaya-kaya wedi migunakake basa Jawa kanggo pacelathon, apamaneh yen jinising krama.
            Kaya kang diakoni Rina Ramadhana Amalia, salah sijining siswa SMP ing Kudus, nalika didangu guru bab program basa Jawa kang wiwit diresmekake nganti cathetan iki katulis wis lumaku udakara rong minggu. Dheweke ngaku yen rumangsa kangelan migunakake basa Jawa, apa maneh yen pacelathon karo bapak/ibu guru kang kudu ngganggo basa Jawa krama. “Mboten saged, Pak,” mature. Malah dheweke matur yen kapeksa, ya migunakake basa Jawa krama kacampur basa Indonesia.
            Kanyatan kang diadhepi Rina kuwi nggambarake kanyatan kang diadhepi kabeh bocah. Bocah-bocah, malah uga wong dewasa zaman saiki, kaya wus kacabut saka akar budhayane dhewe. Mula, kanthi program “Rebo dina basa Jawa”, kuwi muga-muga bisa njalari ngrebakaning pakulinan migunakake basa Jawa.
            Sanadyan isih akeh pepalang. Kaya dene kanyatan kang katemokake ing kalangane para guru. Yaiku, saperangan akeh guru prayata padha karo Rina. Ora lancar migunakake basa Jawa. Awit, lumrahe yen pacelathon ing sekolah, guru-guru migunakake basa Indonesia. Luwih-luwih yen pacelathon karo para siswa. Sanadyan wiwitane guru wis migunakake basa Jawa, nanging para siswa ora bisa ngimbangi, pungkasane guru kapeksa migunakake basa Indonesia. Kanyatan iki kang uga  ndadekake saiki akeh guru kangelan ngecakake basa Jawa.
Ewasamana, para gurulumrahe rumangsa bombong ana program yen saben Rebo migunakake basa Jawa. “Srana basa Jawa, bocah-bocah bisa kaakrabake karo unggah-ungguh. Iku wigati banget, awit ing zaman saiki kang aran unggah-ungguh kuwi wis adoh saka pakulinane bocah-bocah,” mature Sri Isnaini, salah sawijining guru basa Jawa ing Kudus.
Dadi pangarep-arep kita, program kuwi lumaku apik. Awit, kajaba basa Jawa bisa kawarisake marang generasi enom, uga kanthi alon-alon mbangun karakter adhedhasar kearifan lokal. Kuwi kabeh mbutuhake proses kang dawa. Mula, kabeh, mligine pamarentah lan masyarakat Kudus, kudu melu nyengkuyung babagan kuwi tanpa kendhat. Mugia.

1 komentar: