Minggu, 22 September 2013

Gusti Ngayomi

Urip iki kudune mung nuruti Gusti
mekak hawa nepsu
kang mburu laku kliru
iku mono caos puji
awit urip iki wis kinanthi dening Gusti

Sanadyan lumakuning urip akeh pepalang
njiret isining ati kang yekti
prasasat godhong garing tumiba saka pange
tanpa daya, kebak dosa
nanging aku lan kowe tan sinirik
awit Gusti kang mahasuci ngayomi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar