Selasa, 19 Maret 2013

Wit dadi Korbane Politik


Gambar calon pangarsane dhaerah dipaku ing wit

Meh kabeh dhaerah ing wewengkon Indonesia, kaya dene ing Kudus, Jawa Tengah (Jateng), lagi wae ngadhepi pilihan pangarsane dhaerah (bupati/wakil, walikota/wakil, gubernur/wakil). Kanggo ngoyak supaya oleh akeh swara, para calon padha nganakake kampanye. Carane maneka warna. Kaya kang saiki lagi ngetren yaiku masang gambar ing papan-papan kang bisa dideleng masyarakat.



Kang nguciwani yaiku akeh para calon kang ora duwe rasa gela masang gambar ing wit kanthi dipaku. Cara kang ngono kuwi mesthi bisa ngrusak wit-witan. Wit-witan kang mesthine diupakara kanthi tenan malah dipaku mung kanggo masang gambar. Yen wit kuwi duwe rasa, mesthi wae padha nangis.



Wit/tetanduran, pungkasane dadi korbane politik.  Tamangka, yen para calon duwe rasa peka marang lingkungan, ora bakal masang gambare ing wit-wit kang pancen sengaja ditandur kanggo asrining alam. Kudune malah kosokbaline, para calon bisa kampanye kanthi nganakake pakaryan kang ana gegayutane karo lingkungan. Awit, saiki kang dadi pacelathon ing bebrayan agung ya bab lingkungan, salah sijine wit-witan/ tetanduran.


Coba delengen ing wit-wit pinggir dalan, mesthi akeh banget ditempele gambar-gambar calon pangarsane dhaerah. Kanyatan kang ironis banget. Awit, ing kanyatan liya, ana bocah-bocah sekolah kang lagi nganakake gerakan njabuti paku ing wit-witan. Masang gambar ing wit-wit, ora mung ngrusak wit, nanging uga ngelek-eleki sesawangan.  Piye to?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar