Kamis, 31 Januari 2013

Angel, Nguri-nguri Basa Jawa Lumantar Kabiasan ing Sekolah


PIWULANGAN: Bocah-bocah nembe ing piwulangan kelas.
Basa Jawa salah siji kabudayan Jawa kang kudu diuri-uri. Awit, kita, mligine wong Jawa, yen gelem ndeleng kanthi premati ing bebrayan agung (masyarakat) Jawa, meh wae akeh wong kang ora mangerteni basa Jawa. Ateges, akeh wong Jawa kang kelangan basa asline. Ora mung ing kalangane bocah-bocah, wong tuwa uga padha wae, akeh sing ora migunakake basa Jawa nalika pirembagan, apa kuwi ing omah, apa kuwi ing masyarakat.



Coba titinen ing brayat-brayat Jawa sacedake Penjenengan, ing saben dina mesthi migunakake basa Indonesia nalika nembe pirembagan. Apamaneh ing lembaga-lembaga pamarentah. Wis bisa kasimpulake yen kabeh mesthi migunakake basa Indonesia awit ana aturan kang ngiket supaya ing lembaga-lembaga pamarentah migunakake pengantar basa nasional, yaiku basa Indonesia.


Ananging kanggone SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), kang mapan ing Desa Getas Pejaten, Jati, Kudus, persis ing sisih lore Museum Kretek, ana dina kang dienggo kabiasan nguri-nguri basa Jawa. Saben Dina Kamis, cacahe kaping pindho sawulan pancen dianakake kabiasan nganggo basa Jawa ing kalangane murid lan guru, dene ing rong Kamis liyane kabiasan nganggo basa Inggris. Wawanrembag bab apa wae ing sanjabane piwulangan (pembelajaran) kaatag nganggo basa Jawa. Yaiku wawanrembage murid karo murid, murid karo guru, guru karo guru. Cikben basa Jawa nduweni ruang bisa ngrembaka.  


Sanadyan sekolah wis ngupakara basa Jawa kanthi ngono, nganti saiki bocah-bocah isih durung wanuh marang basa Jawa kanthi banget. Kahanan kang padha uga nemahi para guru. Tegese, para guru uga kurang wanuh marang basa Jawa. Migunakake basa Jawa ing wawanrembag mung kala-kala. Iku wae basane ora cocok karo unggah-ungguhing basa Jawa kang bener.


Lumrahe, kabeh (murid lan guru) duwe alasan yen migunakake basa Jawa kuwi kangelan. Luwih gampang migunakake basa Indonesia. Lha iki prekarane. Awit rumangsa ora bisa nganggo basa Jawa, malah ngadohi pakulinan nganggo basa Jawa. Ya pancen ora bakal wanuh-wanuh marang basa Jawa. Lha banjur kepriye?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar