Kamis, 27 Desember 2012

Kadang Tani


saben esuk daksawang

mlaku kanthi prasaja

mikul pacul, nyangking arit

menyang sawah, nandur pangarep-arep


ing wayah udan kaya ngene

pancen pasuryane katon sumringah

awit lemah sawah wis ngawe-awe

kepengin nyawiji , ngganda aruming lumpur


macul kanthi donga lan sokur

mbabat suket ati manteb

luh kringet lan kesel

dadi pepuji marang Gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar