Senin, 24 Desember 2012

Sumebaring Berkah Natal


MEMUJI: Bocah-bocah lagi memuji marang Gusti ing Natal GITJ Kudus.
Ing greja, saben Natal mesthi dikebaki dening pasamuwan. Ora mung pasamuwan kang kaya adat biyasane. Awit, mesthi  ana pasamuwan tamu. Tegese, pasamuwan mau mapan ing tlatah liya, nanging wektu Natal sowan marang wong tuwa utawa kadang. Banjur ndherek ngabekti ing greja wong tuwane/kadange.  Ancase arep ngabekti, nyawiji, memuji, lan mirengake sabdane Gusti. 



Mula ing wektu Natal, greja lumrahe nyiapake ubarampe kang luwih akeh. Ora mung nyediakake kursi cacah akeh, nanging uga masang tratag supaya bisa nampung kabutuhane pasamuwan. Yen greja ora duwe kursi kang akeh cacahe lan tratag, mesthi nyewa ing persewaan. Rawuhe pasamuwan pancen kudu disambut kanthi kahanan kang ora nguciwani.



Ana greja kang nyawijekake adicara ibadah lan pahargyan Natal, nanging ana uga kang misah antarane adicara ibadah lan pahargyan Natal. Kayata, ibadah ing wektu esuk, pahargyan ing wektu sore. Sanadyan ngono, apa kang disawijekake utawa kang kapisah, tetap karawuhan akeh pasamuwan. Malah ing adicara pahargyan, lumrahe bocah-bocah uga padha diajak dening wong tuwane. Cikben ngreti apa bae adicara kang katindakake.


SEMLIWER:Bocah-bocah padha nggawa dolanan kang lagi bae dituku.
Yen mangreteni ing Natal ana akeh bocah, wong-wong kang padha dodol dolanan, jajanan, lan liyane  lumrahe padha njrabing ing ngarepane greja. Ancase, bocah-bocah anake pasamuwan kuwi cikben padha tuku. Mula ora prelu gumun yen wektu Natal ing greja kang akeh bocahe, pating sliwer dolanan digawa bocah-bocah rana-rene kaya-kaya ndherek memuji asmaning Gusti. Ananging, ana uga swara tangis bocah-bocah awit telat tuku dolanane.


Kanggo njaga kenyamanane lumakune adicara Natal, ing saputerane greja dijaga dening aparat. Malah kang bungahake ana uga kadang-kadang kang beda iman (organisasi agama sanes) dherek njaga katemtremane adicara kuwi. Dadi, Natal malah nyawijekake wong siji lan sijine sanadyan beda umur, asal-usul, kapercayan, lan ancas tujuwane.


Mbokmanawa kuwi kang diarani berkah Natal sumebar ing sapa bae. Persewaan kursi lan tratag, wong dodolan, aparat, kadang-kadang kang beda iman, bocah-bocah, lan pasamuwan. Kabeh bisa gayut-ginayut lan sangkul-sinangkul. Berkah kang katrima ya bener beda-beda. Ana kang nrima berkah kajasmanen, karohanen, kamanungsan, sosial, sesambungan, lan liyane. Ya, rawuhe Gusti pancen  nyebar berkah kanggo sapa bae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar