Senin, 11 Juni 2012

Isih Ana, Tradhisi Weweh ing Mangsa Ngundhuh


MELON peparingane tangga kadang tani
Mangsa ngundhuh, kanggone wong ndesa, mligine wong tani, mangsa kang diarep-arep. Awit ing mangsa kuwi padha karo ngundhuh rejeki. Tetuwuhan kang ditandur wis padha ngetokake woh kang pantes diundhuh awit wis tuwa. Kayadene salah sawijine tanggaku kang nduweni profesi tani, lagi bae ngundhuh melon.

Melon kang diundhuh cacahe akeh banget. Dadi ing mangsa ngundhuh kaya ngene olehe asil ya akeh, bisa bae nganti puluhan juta rupiyah. Mula dheweke ya muji sokur marang Gusti Allah. Wujude muji sokur yaiku weweh melon marang tangga teparo. Saben tangga kang cedhak omahe diparingi melon. Kalebu kulawargaku lan tangga-tanggaku sanadyan mapan rada adoh saka omahe.
Bisa bae awit sanadyan adoh, pategalan kang ditanduri melon kuwi ngliwati omahku uga omahe tangga-tanggaku. Sing dakngerteni saben omah ing pinggir dalan (kiwa lan tengen) kang tumuju ing omahe lan pategalane, diparingi melon. Katone cacahe siji-siji. Tegese, saben omah diwenehi melon siji. Dadi, sanadyan ora nandur lan tuku, ning tangga teparone bisa ngrasakake melone.
Tradhisi weweh ngono kuwi elingku wis dilakoni mataun-taun. Sajege aku mapan ing omahku, kurang luwih pitung taun, aku wis ngerti pakulinan kuwi. Meh saben mangsa ngundhuh, yen asile akeh, tanggane mesthi entuk panduman.  Ana uga mangsa ngundhuh ning asile ngundhuh ora akeh amerga tetuwuhane diserang ama utawa penyakit. Yen ngepasi mangsa kang kaya ngono ya pancen ora weweh. Apa kang arep diwenehake tangga yen asile bae ora nguntungake.
Kang nduweni patrap kaya ngono, yakuwi weweh marang tangga nalika mangsa ngundhuh, ora akeh cacahe. Katone malah mung siji kuwi. Ya mung siji kuwi. Kadang tani liyane ora nate. Ora natene bisa bae awit asil kang diundhuh ora nguntungake. Mung cukup kanggo mbalekake modal. Apa maneh yen asile malah ngrugekake. Yen kasunyatane kaya ngono ya mesthi bae ora bisa weweh.
Mbokmanawa asile akeh bisa bae ora weweh awit kabutuhane kulawargane dhewe pancen durung kacukupan. Kabutuhan ing jaman saiki saya akeh lan regane sangsaya larang. Dadi lumrah bae sanadyan ing mangsa ngundhuh asile akeh ning ora bisa weweh marang tangga teparo. Perangan urip kang luwih wigati kang kudu dicukupi isih akeh.

Mula, yen isih ana kadang tani kang weweh asil tetanen marang tangga ing mangsa ngundhuh, tegese saperangan tradhisi becik ing bebrayan ndesa isih bisa dirasakake. Tradhisi prayogi, kang diwarisake saka leluhur, kuwi isih ana. Ora ilang babar blas. Sanadyan cacahe kari sithik. Malah sing kaya ngono kuwi ndadekake ati kesengsem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar