Minggu, 01 April 2012

Widyawisatane SMP 1 Jati, Kudus


MONAS: Bocah-bocah nampang ing Monas
SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng) nindakake widyawisata nalika tanggal 26 nganti 29 Maret 2012 sing kepungkur. Objek widyawisatane ing Jakarta lan Bandung. Ing Jakarta, bocah-bocah kang ing tahun pelajaran iki nembe kelas VIII kuwi, diajak ing Monumen Nasional kang luwih dikenal wong kanthi sebutan Monas. Ing Monas bocah-bocah bisa ngangsu kawruh bab werna-werna. Ana ing jero perangan ngisor, bocah-bocah bisa mrangguli perangan sejarah Indonesia. Ana diorama kang bisa diabadekake lumantar tustel alias difoto lan disoting. Ana tulisan-tulisan bab sejarah Indonesia sing bisa dicathet uga  kanggo tambahing kawruh.

Saliyane ing Monas, bocah-bocah uga diajak menyang Planetarium. Ing papan iki bocah-bocah bisa ngangsu kawruh bab ilmu antariksa. Wektu kurang luwih sakjam, bocah-bocah kang cacahe 200-an luwih mlebu ing sajroning ruangan kang wujude blendhuk, kabeh padha lungguh ing kursi. Ora sawetara suwe ruangan kuwi digawe kaya wayah bengi, kanthi cara kabeh lampu dipateni. Ruangan dadi peteng ndhedhet. Ananging, tontonan pemandangan angkasa kang dikebaki benda-benda langit wis bisa didelok. Kaya wektu bengi tenan, bisa ndelok werna-werna bintang. Ing kono bocah-bocah dikenalake werna-werna rasi bintang, planet, benda-benda langit liyane. Kang paling nyenengake nalika kabeh diajak “berimajinasi” numpak pesawat, munggah ing angkasa. Dibarengi ngrungokake musik kang cocok, kahanan kuwi ndadekake kabeh kaya benar-benar ana ing angkasa, cedhak banget karo lintang lan planet-planet kang mapan ing orbite. Dadi ora mung nyenengake, ananging uga gawe ati rasa maknyes. Ndeleng kahanan antariksa ing Planetarium kabeh bocah lan guru nduweni rasa takjub.

Sakwise ing Planetarium, bocah-bocah diajak menyang Taman Mini Indonesia Indah (TMII). Ing TMII, bocah-bocah dikenalake werna-werna anjungan daerah, kang cacahe puluhan kuwi. Supaya luwih kenal bab Anjungan Jawa Tengah, bocah-bocah nalika nindakake mangan awan lan istirahat ana ing Anjungan Jawa Tengah kuwi. Ing kono ana gamelan. Ana uga kreta/dokar kuna. Sakwise kuwi, bocah-bocah diparingi wektu kanthi longgar kanggo mangerteni lan ngrasakake apa bae kang ana ing TMII. Ana sing numpak kereta gantung, sepedha dhobel penumpang, sepur, lan mainan-mainan liyane. Mung rada ora nyenengake amerga wektu kuwi lagi udan.
MANGAN: Lagi mangan awan ing Anjungan Jawa Tengah, TMII
Dene kang ana ing Bandung, ing dina sacandhake, bocah-bocah diajak ing Museum Gealogi. Ing kono, bocah-bocah bisa mangerteni fosil-fosil purba, manungsa lan kewan. Sejarahe fosil-fosil kuwi uga ditulis ing papan sacedhake fosil, dadi ya nggampangake kabeh bocah kang golek materi kanggo nggawe tugas sekolah. Bocah-bocah uga diajak mlebu ing ruang kanggo ndeleng filem kang critane ana sesambungane karo prekara-prekara kang ana ing sakjeroning lan njabane bumi. Filem kuwi dawane udakara 45 menit.
FOSIL: Bocah-bocah ing cedhake fosil kewan purba, Museum Geologi
Mentas saka Museum Geologi, bocah-bocah diajak menyang Trans Studio. Wiwit sakdurunge budhal widyawisata, papan iki kang dadi pepinginane bocah-bocah. Dadi, nalika mlebu ing Trans Studio, polatane kabeh bocah padha katon seneng. Mula, ing papan iki bocah-bocah diparingi wektu paling dawa. Sanadyan diparingi wektu paling dawa, ora ana bocah siji-sijia kang bisa migunakake kabeh wahana, kang cacahe puluhan kuwi, kang wis kasediakake. Sanadyan ngono bocah-bocah wis katon puas.
PEDE: Bocah-bocah lan Pak Naryo, salah sijine guru pendamping, pede banget ing regole Trans Studio, Bandung
Sabanjure bocah-bocah diajak klencer blanja ing Cibaduyut kang “terkenal” kuwi. Golek samubarang kang pantes digawe oleh-oleh kanggo bapak/ibu lan kadang ing omah. Ing Cibaduyut bisa tuku tas, jaket, sepatu, sandal kang digawe saka kulit. Mula regane ya larang banget. Bocah-bocah ana sing tuku kaos, tas, sepatu, lan liya-liyane. Sadurunge ing wayah wengi kuwi rombongan SMP 1 Jati, Kudus, ninggalake Bandung tumuju ing Kudus, kabeh padha nganakake “santap malam” ing salah sijine rumah makan.

Lumakune rombongan SMP 1 Jati, Kudus, tumuju Kudus wengi iku lancar. Ananging sadurunge lumebu ing Alas Roban dikagetake karo kemacetan kang suwene ora mekakat.  Macet wiwit jam 03.00 nganti 08.00 WIB amerga ana trek ngguling ing dalan. Bisa uwal saka kemacetan nalika wis mentas saka Alas Roban. Mula, kang rencanane tekan omah (Kudus) jam 08.00 WIB mundur nganti jam 12.00 WIB.      

2 komentar:

  1. Nyuwun sewu, laporan wisatanipun cukup sae, lengkap, lan foto-fotnipun inggih jelas. Matur nuwun, saget ningali lan maos informasi jenengan. Salam kenal, numpang lewat, sukses sedayanipun kagem panjenengan sak-gotrah. Nuwun.

    Salam kompak:
    Obyektif Cyber Magazine
    (obyektif.com)

    BalasHapus
  2. Matur nuwun sanget Panjenengan sampun kersa tilik sadulur, lumantar blog menika. Salam kenal ugi. Gusti tansah paring berkah dhateng Panjenengan sakbrayat. Nuwun.

    BalasHapus