Jumat, 06 April 2012

Aja Dumeh


Gambar kapethik: kfk.kompas.com
Ana pengalaman kang prasaja nanging paedahe apik kanggone sangu urip. Yaiku pengalaman nalika aku ndherekake bocah-bocah lomba basket tingkat karesidenan ing Rembang wektu sing kepungkur. Sing dakweruhi kang nduweni hak melu lomba tingkat karesidenan kuwi mung salah sawijine SMP awit SMP kuwi sing menang lomba ing tingkat kabupaten. Tegese, mung sekolah kuwi sing makili kabupaten lomba ing tingkat karesidenan.

Ing tingkat kabupaten, sekolah kuwi moncer awit juwara kang disandang. Kamonceran kang wis digayuh kuwi, umume, kepengin terus dicekel, ora kena ucul. Mula, ora sithik sekolah sing tetep kukuh nyekel egone. Tegese, yen ing tingkat kabupaten wis menangi lomba, ya mesthi bae yen dilanjutna ing tingkat karesidenan, sekolah kuwi sing kudu makili. Pamengku sekolah umume ngupayakake supaya sekolahe dhewe sing makili. Awit, ing panemune, yen ing tingkat karesidenan bisa menang, kamonceran sekolahe bakal sansaya kesuwur. Kahanan kuwi, dipercaya apa ora, bakal bisa ndongkrak wibawane sekolah ing masyarakat. Kang mburine nuwuhake rasa kesengseme masyarakat marang sekolah kuwi. Banjur, sekolah kuwi dadi kapercayakane  masyarakat konsumen.
Ananging pengalaman sing lagi dakweruhi (kuwi) ora kaya ngono. Sekolah sing kudune (duwe hak) bisa makili maju dhewe ing tingkat karesidenan, pranyata luwih terbuka. Tegese, sekolah kuwi gelem njupuk bocah-bocah kang kwalitase apik sanadyan saka sekolah liya. Sekolah kuwi ora kukuh nyekel egone. Miturut kawruhku, kang kaya ngono kuwi sing apik. Ngrumangsani durung bisa nyukupi kabutuhan (lomba) kanthi prayogi, sekolah kuwi nglibatake sekolah liya. Dadi, ora mung nggugu karepe dhewe.  Ora dumeh menang, banjur sakepenake. Mulane, bocah-bocah sing “tergabung” ing tim kang makili kabupaten ora mung bocah saksekolah. Lan, pranyata “kondisi” kuwi nuwuhake kakuwatan kang ngedap-edapi.

Pancen wiwitane ora gampang ngupayakake pihak-pihak kang asale beda banjur dadi siji kakuwatan. Prelu adhaptasi siji lan sijine. Awit kabeh mesthi duwe ciri khas, kang mbokmanawa malah “saling berlawanan”. Ananging, awit dhasare wis apik kanthi pendhekatan kang cocok, ya bisa bae ngupayakake dadi kekuwatan kang manunggal. Kaya tim basket putri SMP Kabupaten Kudus, gabungan saka SMP 1 Jati, Kudus, SMP 2 Kudus, lan SMP 1 Kudus. Tim kang bisa  ngalahake tim saka Jepara lan Pati. Dadi bisa nyekel “karcis” kanggo lomba ing tingkat provinsi makili eks-karesidenan Pati.
Mengko wektune maju ing tingkat provinsi, tim basket putri SMP Kabupaten Kudus, mesthine bisa bae njupuk bocah-bocah kang kwalitase apik saka kabupaten liya, cikben tim wakil eks-karesidenan Pati luwih solid. Nanging cara mangkono kuwi mbokmanawa angel ngoordinasine awit bocah-bocah kang kwalitase apik mau adoh mapane (kayata ana sing ing Pati, Jepara, lan Blora). Mula yen tim basket putri SMP Kabupaten Kudus (kang makili eks-karesidenan Pati ing tingkat provinsi) ora njupuk kanca-kanca kang kwalitase apik saka kabupaten liya, iku ora amerga tim basket putri SMP Kabupaten Kudus “ojo dumeh” menang. Pertimbangan papan kang adoh mau dadi wigati dipikirake. Awit yen dipaksakake, ora malah apik. Bocah-bocah kang disumedyakake kanggo lomba ing tingkat provinsi malah padha kesel awit adoh gladhene, banjur ora fit nalika lomba.

Dadi, asifat “terbuka” marang pihak-pihak liya kanggo mbangun kasantosan iku apik, yen isih bisa katindakake kanthi merdika lan nyenengake. Sing wigati ojo dumeh (menang, kwasa, gedhe, dhuwur) banjur ora eling liyane. Bisa ngrengkuh akeh perangan, bisa nuwuhake kasantosan kang “luar biasa”. Mula aja dumeh! 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar