Selasa, 24 April 2012

Ngadhepi Bocah Cilik sing “Ngrepoti”


Ana bocah yen lagi ndeleng wong tuwane nyandhak pakaryan ing omah banjur nyedhak lan “ngrepoti”. Diarani “ngrepoti” awit apa sing dicandhak ora nggawe pakaryan mau cepet rampung, ananging malah nggawe sansaya suwe rampunge. Kayata, nalika ibu nembe nyetrika, bocah mau ujug-ujug teka lagake kaya (arep) ngrewangi. Nglempiti sandhangan sing wis disetrika, nglebokake sandhangan sing wis disetrika ing lemari, lan liya-liyane.

Kamangka apa sing dilempiti lan dilebokake ing lemari mau ora trep karo samesthine. Ndeleng ngono mau, ibu kang wis repot-repot makarya, lumrahe banjur ngelokake bocah. Ojo ngono, ojo ngene. Bocah banjur nesu, ngambeg, lan mbokmanawa banjur lunga saka sacedhake ibune.
Yen kita gelem mangreteni atine bocah kanthi temen, sanadyan wis repot-repot makarya, mbokmanawa tuwuh sikap kang luwih prayogi. Awit, bocah kang wis gelem krekah-krekah lagake kaya (arep) ngrewangi mau, sabenere pancen ngrewangi. Bocah mau nduweni rasa pedhuli marang pakaryane wong tuwane. Kepengin paring pambiyantu. Karepe ngentheng-ngenthengi pakaryane wong tuwa. Mung bae, bocah mau durung mangreteni cara kang samesthine. Mula wong tuwa (kita) kudu gelem paring kawruh sathithik mbaka sathithik. Ya pancen prelu kasabaran.
Dadi, bocah kang kalebu pedhuli lan aktif mau malah kudu diarahake kanthi bener. Awit lumrahe bocah kang wis nduweni sikap kaya ngono mau, mesthi seneng rewang apa bae kang dicandhak wong tuwa. Nalika ibu masak ya ngrewangi masak, nalika bapak mompa ban ya ngrewangi mompa, nalika mbakyune nyapu jogan ya ngrewangi nyapu, lan ngono sateruse. Kaya-kaya yen weruh wong lagi nandangi pakaryan banjur kepencut melu nglakoni.

Kosokbaline ana bocah kang durung nduweni sikap pedhuli sanadyan weruh wong liya tandang gawe. Dheweke mung meneng bae, apatis, ora gelem cawe-cawe. Anteng, thenguk-thenguk bae. Isih apik yen dheweke sibuk karo kasenengane. Yen mung thenguk-thenguk thok, ndeleng, iku sing kurang apik. Ananging, ngreti ana bocah kang kaya ngene iki ana bae wong tuwa sing seneng awit ora ngrepoti ing gawe.
Ngadhepi bocah kang kalebu “ngrepoti” (waca: “sregep”) mau ora kena dielokake. Kosokbaline kudu diarahake kanthi sabar supaya pambiyantune mau benar. Kanyatan kang samesthine nyenengake awit isih cilik (usia dini) wis ngreti marang bot-repoting liyan. Yen isih cilik wis terlatih kanthi seneng (awit tuwuh saka atine dhewe), gedhene mesthi bae ora usah ngongkon, wis cekat-ceket nglakoni pagaweyan apa sing pantes ditindakake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar