Senin, 23 April 2012

Ngelingake Mitra



Pangkat, drajat, lan rupa iki
mung peparinge Gusti, mitra
dadi sawektu-wektu
bisa bae kapundhut dening Gusti
tanpa ana pratandha kang murwakani

Mula mumpung isih dipracaya
murih becike kabeh mau
kudu dipigunakake kanthi tresna
marang sapa bae kang mbutuhake
awit Gusti sugih peparing

Ojo lena karo ndonya
kang tansah paring gegila
marang sapa bae, mitra
awit lelakune jagad iki
ana pungkasaning

Tidak ada komentar:

Posting Komentar