Jumat, 09 Maret 2012

Ndhatengi Sedherek ingkang Gadhah Damel


Gambar kapethik saka: sulastama.wordpress.com
Sonten menika wau kula lan semah kesah buwoh (nyumbang) wonten sedherek ingkang gadhah damel. Gadhah damel nikahaken putrinipun ingkang sampun wancinipun gegriya. Gadhah damel punapa kemawon, kalebet nenikahan, umumipun rame, awit ing wanci menika para sedherek, sae ingkang ndedalem ing papan tebih, mekaten ugi ing papan celak, sami nyatunggil. Ndherek mangayubagya sedherek ingkang nembe ngraosaken bebingah awit kasil ngawontenaken pandamel.

Awit sedherek kula griyanipun wonten dusun, inggih papan kula rikala taksih alit ngantos remaja, ndadosaken kula saged pepanggihan kaliyan sedherek-sedherek “tebih” lan “celak”. Ngantos kados-kados prastawa gadhah damel menika mujudaken  “reuni” kulawarga ageng. Sedherek ingkang papanipun tebih lan celak, saged  pepanggihan kanthi prayogi.

Wonten ing salebeting pepanggihan kalawau, sedherek setunggal lan setunggalipun sami crita babagan brayatipun piyambak-piyambak. Kadosto pakaryan ingkang dipun tindakaken, sekolahipun lare-lare, usaha-usaha, lan kawontenan brayat. Sedaya lelampahaning gesang bebrayan ageng kacriosaken kanthi gantosan. Dados, pungkasanipun (inggih) para sedherek (kalawau) mangertos kawontenan ingkang dipun adhepi sedherek-sedherekipun. Sanadyan saged ugi, sakderengipun crios, mboten mangertos. Menika mratandhakaken bilih ing wanci gadhah damel saged ugi kangge “saling berbagi” babagan pengalaman gesang sedherek setunggal lan setunggalipun.

Ugi ingkang baken, ing tengah-tengahipun gadhah damel menika, kasunyatanipun saged kangge mbangun sesambetan paseduluran sangsaya raket. Menapa ingkang dados bot-repotipun kulawarga ingkang kagungan damel, dipun sengkuyung dening para sedherekipun. Sanadyan ingkang dipun sengkuyung menika mboten wragadipun, ananging  tenaga lan pikiran. Pramila, wonten dusun mliginipun, menawi wonten sedherek ingkang gadhah damel mesthi para sedherekipun sami ngalong (paring pambiyantu). Ngantos pakaryanipun piyambak asring dipun kendelaken sawetawis. Ngrewang menapa kemawon. Awit tiyang gadhah damel menika dipun dhatengi tamu kathah, ingkang mbetahaken peladosan.

Samangke peladosan kagem para tamu langkung praktis awit sedaya dhedhaharan sampun cumepak kados wonten ing warung makan. Papanipun dhaharan setunggal lan setunggalipun benten, dipun  pantha-pantha wonten ing tendha-tendha. Menawi rumiyin namung setunggal werna dhaharan, samangke werna-werna. Wonten soto, bakso, es, pindhang, sate, lan sanesipun, tergantung kulawarga ingkang kagungan damel. Para tamu, umumipun, mendhet miturut kasenenganipun piyambak-piyambak. Umumipun mboten namung mendhet setunggal werni dhaharan. Sandayan sampun mendhet sate, upaminipun, saged ugi ing wekdal salajengipun mendhet nasi pindhang lan soto. Para tamu mendhet wonten ing tendha-tendha dhaharan ingkang sampun kasiapaken. Lan ing tendha-tendha dhaharan kalawau sampun wonten tiyang ingkang ngladosi ngracik dhaharan. Benten kaliyan zaman sewau.

Menawi ing zaman sewau, gadhah damel wonten griya, umumipun tamu dipun layani langsung. Dados para tamu namung lenggah, lajeng ingkang ngalong ngaturi dhaharan. Dhaharan menika umumipun dipunbetha kaliyan nampan. Setunggal nampan saged majubel-jubel piring isi dhaharan. Menawi rawuhipun tamu mboten sesarengan, peladosanipun mboten ngribetakan. Ananging menawi rawuhipun para tamu menika sesarengan, makbrel, peladosanipun sanget ngribetaken. Ingkang ngalong kedhah cekat-ceket. Menawi mboten cekat-cekat lan ugi titen, saged-saged wonten tamu ingkang kliwatan keladosan. Bab menika saged mirangaken ingkang gadhah damel.

Ewah-ewahan tradisi menika (rumiyin para tamu dipun ladosi tiyang ingkang ngalong, dene samangke para tamu mendhet dhaharan piyambak), ndadosaken lelampahaning damel sangsaya parktis. Sanadyan mekaten mboten ateges sedherek-sedherek ingkang ngalong sepi tumpraping tiyang dusun. Wonten dusun/desa, tradisi ngalong taksih kathah, tetep dados warna tradisi ingkang khas. Ing dalemipun sedherek kula ingkang gadhah damel, kula tingali kathah sedherek ingkang sami atur pambiyantu. Para ibu/wanita, khususipun, sami mbiyantu wonten ing perangan mburi (pawon). Taksih wonten werni-werni pendamelan ingkang saged dipucandhak. Awit, sanadyan sampun wonten tradisi ingkang enggal, tradisi masak sedaya uba-rampe tiyang gadhah dame ing dusun menika mboten saged dipunselaki. Dhaharan-dhaharan ringan (jajan-jajan) taksih kathah ndamel piyambak. Jajan, kadosto wajik, gemblong, lemper, wedaran, lan krecek, mesthi dipun masak piyambak dening tiyang ingkang ngalong. Menawi Panjenengan rawuh wonten ing dusun dhateng tiyang gadhah damel, jajan-jajan ingkang kasuguhaken taksih asli sanget. Rasanipun eco, seger, lan gurih, mboten ndamel pengawet kados jajan-jajan ing zaman samangke ingkang dipunsade ing pundi-pundi panggenan.

Inggih, ndhatengi damel ing dalemipun sedherek kalawau nyagetaken kula pepanggihan ugi kaliyan kanca-kanca nalika taksih alit. Kanca-kanca dolan nalika zaman rumiyin, kathah sami ingkang ngalong. Kula saged gegojegan sawetawis wekdal kaliyan piyambakipun. Ngantos ngemotaken “sejarah” rikala taksih alit. Angon wedhus sesarengan, bal-balan ing tegalan (awit tebih saking lapangan), ngumbulna layangan, nyolong peleme tangga, lan sanes-sanesipun. Inggih, pepanggihan kaliyan sedherek-sedherek lan kanca-kanca nalika taksih alit rumiyin, ing tengah-tengahipun sedherek ingkang gadhah damel menika wau, kados “reuni” ageng ingkang ngedap-edapi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar