Minggu, 11 Maret 2012

Matun Pari



Matun pari, pakaryan para among tani
supaya suket-suket ora memateni
kang tinandur kanthi luh kringet
dumredes dadi rabuke pari

Matun pari, pakaryan para among tani
supaya pari nuwuhake senenging ati
bisa murakabi marang brayat kang ngenteni
rina lan wengi

Matun pari, ngresiki ati
Matun pari, sinau titi
Matun pari, sabar lan gemati
Lelaku sing kudu daksinaoni

2 komentar: