Jumat, 16 April 2021

Untunge yen Nglayani

Gambar kapethik saka lampusatu.com

Nglayani wong liya iku ana untunge. Apa maneh yen cacahe wong kang dilayani akeh. Panggonane beda-beda. Ana sing ning kana, ana sing ning kene. Para kadang kang wis nate nglakoni, mesthi wae wis nemu untunge.

Sepisan, kenal marang wong akeh. Lanang-wadon, tuwa-enom, gedhe-cilik, sugih-mlarat,  lan sakpanunggalane. Wong akeh mau mesthi beda-beda watake. Mula para kadang kang wis nate nglakoni, mesthi ngerti macem-macem watak. Luwih saka itu, kang luwih wigati, mangerteni kepriye carane mbangun pacelathon. 

Mbangun pacelathon karo liyan kasebut wigati awit perangan iku sing bisa nuwuhake sesambungan apik utawa ora apik. Yen pacelathon kang kabangun nyenengake, mesthi apik. Yen apik, sesambungan sangsaya kepenak ing wektu-wektu sakbanjure. Nanging, yen pacelathon kang kabangun ora nyenengake, mesthi ora apik. Dadine, sesambungan ora kepenak. Sesambungan bisa pedhot.

Para kadang kang wis kulina nglayani akeh wong, mesthi pinter ing babagan mbangun pacelathon. Awit ing salawase nglayani marang wong, mesthi entuk kawruh akeh. Kawruh babagan bedane mbangun pacelathon karo wong siji lan sijine. 

Yen mbangun pacelathon karo wong tuwa kudune piye, yen karo wong enom kudune piye. Yeng pacelathon karo wong lanang kudune piye, yen karo wong wadon kudune piye. Ya semono uga yen wicara karo liyane. Lumantar kuwi kabeh, para kadang sing kulina nglayani wong akeh, mesthi luwih kendel, pinter, lan trampil ing babagan sesambungan karo liyan.

Kaping loro, ngerti panggonan endi-endi. Yen wis ngerti panggonan endi-endi, bisa dadi jujugane liyan kang kepengin takon alamat. Alamat sing didudohake mesthi pener. Ora bakal nyasarake. Yen ora nyasarake, mesthi wae luwih efektif lan efisien. Kahanan ngono kuwi mesthi nyenengake liyan. Para kadang kang bisa nyenengake liyan, mesthi bungah ta?

Gawe bungahe wong liya, jarene para wasis, padha karo ibadah. Apik tenan yen ngono. Babagan gawe bungahe liyan, aku kudu sinau. Awit, ing salawase urip iki, aku rumangsa  durung bisa mujudake. Malah kepara kosokbaline, bisa gawe susahe liyan. 

Balik ing babagan nglayani liyan. Kajaba dadi jujugane liyan takon alamat, para kadang kang nglayani liyan weruh papan-papan wigati. Papan-papan wigati iku bisa arupa apa wae. Saka gedung-gedung pemerintah, swasta, nganti lapak-lapak kanggo dodol gethuk, jagung bakar, sate ayem, lan sakpanunggalane. Apa wae kang  ana ing sakpinggire dalan sing diliwati para kadang mau, bisa dideleng lan dadi kawruh.

Mesthi beda karo kadang sing ora nate nglayani liyan. Apa maneh yen ing omah wae. Ora nate metu-metu. Mbokmanawa kawruhe ora akeh. Malah bisa wae ora duwe kawruh babagan kahanan ing njaba omah. Mangka kawruh njaba omah gedhe paedahe.

Tumprape kadang kang demen nglayani, mesthi wae isih ana maneh kauntungan-kauntungan liyane kang ditemu lan dadi kawruh. Dadi, para kadang sing seneng nglayani marang liyan, mesthi wae akeh kawruhe. 


Rabu, 17 Februari 2021

Manuk Ngoceh

Manuk ngoceh wayah awan

ngilangake rasa gerah 

awit sumelete srengenge 

nganti nggaringake gegodhongan

nganti mlethekake lemah sawah


Ngoceha sajrone ati iki 

kang lagi goreh 

awit getase tali katresnan

wis rantas babar blas

tanpa ana tilas


Ngoceha sing seru, ayo ngoceha

gawea aku lan slirane bungah

ora susah, sanajan pisah















  



Kamis, 13 Februari 2020

Korona: Desa lan Kutha


ilustari kapethik saka: https://internasional.kompas.com

Tumprape wong desa, virus korona utawa kang kasebut 2019-nCoV, ora katon dampake. Awit, wong desa lumrahe sesambungane ing bebrayan winates. Ora adoh; ora amba. Cukup ing lingkungane dhewe. Golek sandhang pangan ing papan kang cedhak karo omah. Dadi, anane virus korona kang kaya-kaya nggegirisi donya, ora nggegirisi wong-wong desa.

Wong desa tetep sregep nyambut gawe yen wektune nyambut gawe. Sing panggawene ing sawah, ya nyambut gawe ning sawah; sing panggawene ing pabrik, ya nyambut gawe ing pabrik; sing nyambut gawe ing perangan liya, ya nyambut gawe kaya lumrahe. Ora ana sing rumangsa nyambut gawene keganggu.

Iki sing dakdeleng ing dhaerahku, Kudus, Jawa Tengah. Sanajan, ing kono ana salah sawijine rumah sakit kang nyediakake kamar perawatan kanggo pasien jalaran virus korona. Mesthi wae kuwi sifate mung kanggo jaga-jaga utawa antisipasi. Nganti saiki ora ana kabar bab pasien kasebut. Yen wis ana pasien jalaran virus korona, mesthi wae kabare wis nyebar ing masyarakat. Ambyar.

Mula, kahanan masyarakat ing dhaerahku adem ayem. Kabeh katon gumregut nglakoni panggaweane dhewe-dhewe. Yen esuk, ing dalan-dalan rame. Semana uga yen awan lan sore. Pating sliwer montor lan mobil. Ora ana sing nganggo masker kanggo nutupi cangkem lan irunge. Kalebu wong-wong kang ana ing pusat-pusat keramean, ora migunakake masker.  Kahanan iku nggambarake yen masyarakat desa  pracaya ora ana virus korona ing dhaerahe.

Kahanan ing dhaerah beda karo kahanan ing kutha gedhe. Maca warta ing koran, deleng warta ing televisi, lan melu perkembange warta ing medsos, kita bisa mangerteni kahanan ing kutha gedhe. Kanyatan ing kutha gedhe akeh wong padha giris marang virus korona. Kanyatan iku wajar wae amarga ing kutha gedhe dadi papan patemungane wong akeh. Saka endi wae ana, kalebu saka mancanegara. 

Mula, wong-wong ing kutha gedhe, luwih-luwih ing papan-papan kang umume ditekani wong akeh, pada nganggo masker. Yen bisa malah  ngurangi lelungan. Ning omah wae. Kumpul karo kulawarga. Iku mono kanggo jaga awak supaya tetap aman.

Nganti kaya ngono kuwi kahanane. Wong kaya-kaya dipageri. Ora bisa bebas kaya adat sabene. Yen biasane, bisa mrana mrene; yen saiki, ora bisa mrana mrene. Malah, wong-wong kang adat sabene plesir menyang mancanegara, saiki plesir menyang obyek-obyek wisata domestik. Dadi, amarga ana virus korona, ing dina-dina iki obyek-obyek wisata domestik ngasilake pametu luwih akeh tinimbang kaya adat sabene.

Wong-wong kutha (ing Indonesia) kang adat sabene plesiran ing mancanrgara awit golek sesenengan utawa nglakoni bisnis, wektu-wektu iki leren dhisik. Awit, ing saperangan mancanegara ana sing konangan yen wargane ana sing kena virus korona. Mula, yen mung plesiran kanggo seneng-seneng cukup ing destinasi-destinasi wisata domestik. Kanthi ngono, perekonomian ing sakitere destinasi-destinasi wisata sansaya mundhak, bisa nyejahterakake masyarakat. Muga-muga ya.